Blog in Learning

Dream to the Better Learning and Education

Contoh Pidato Basa Jawa Krama Inggil

Berikut contoh pidato bahasa Jawa Krama Inggil tema Kartini.


Assalamualikum warahmatulahi wabarakatuh


Ingkang tansah kinurmatan Bapak Kepala Sekolah.

Bapak soho ibu guru ingkang satuhu luhuring budi.

Ugi rencang-rencang kulo sedoyo ingkang kulo tresnani.


Inkang rumiyin mugi kito sedaya sami-sami ngaturaken puji lan syukur dhateng Gusti Allah SWT sahinggo wekdal punika kito taksih pinaringan sehat lan mboten wonten alangan satunggal punapa.

Solawat ugi salam mugi tetep konjuk dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, poro pendherek soho sedaya umatipun.

Ing wekdal punika kula badhe paring seserepan sekedhik babagan "mengeti dinten laire kartini."

Bapak/ibu lan rencang-rencang sedoyo mestinipun sampun mangertosi sinten ibu Kartini menika lan punapa kemawon jasanipun tumraping bongso lan negoro, khususipun perjuanganipun kagem dumateng tiyang setri.


Ibu Kartini menika sampun dados tuladha ingkeng sae, bilih jasanipun Ibu Kartini migunani tumraping kamardikanipun tiyang setri supados saged nderek pados kepinteran, pados pedamelan ugi sanesipun. Ingkang sedoyo niku asring wau kasebat emansipasi wanita.

Amargi jasa-jasanipun Raden Ajeng Kartini punika sakniki poro wanito saged pados pedamelan piyambak, saged sekolah ingkang inggil lan sapanunggalanipun.

Saben tahun, bongso Indonesia tansah mengeti dinten lairipun Ibu kartini. Kanthi pangajab supados poro wanito Indonesia saged tambah maju ing samubarang.


Cekap semanten anggen kula matur, sakbanjure kulo dedonga supadhos poro wanito Indonesia saget ngabekti dateng tiyang sepuhipun, dateng garwanipun, keluarganipun lan migunani kagem bongso lan negoro.

Mekatun atur kula, lepatpun kula nyuwun pangapunten. Mugi atur kula wonten manfaatipun.


Wassaamualaikum warahmatulahi wabarakatuh

Demikian tadi contoh pidato bahasa Jawa Krama Inggil tema Kartini. 
Share this article :
+
Next
This is the current newest page
Previous
Next Post »
0 Komentar untuk "Contoh Pidato Basa Jawa Krama Inggil "

Terima Kasih Sudah Berkomentar
 
Template By. Kunci Dunia
Back To Top